Ta, Kof, Wau

Dulur – dulur, piye kabare, aku nang kene apik – apik ae, alhamdulilah iso ngelakoni poso pisan. Durung bolong blas pek, lha yopo ancen se oleh rong dino, niru pariane Cak Kartolo ;)

Tuku kelopo nang ploso // bulan poso iki iso mbusek duso

Maeng melo teraweh pek nang masjid, terus terang ae aku jarang melu teraweh, yo selain males komes, rokaate kakean pisan, kemeng dengkulku.:mad: Ojo maneng sing likuran rakaat, wong sing 8 rakaat ae aku aras – arasen kok. Mboh opo’o wingi iku dadi gak aras – arasen, gak ono udan gak ono bledek, moro – moro wingi iku kepingin sembayang teraweh, nang masjid Kutisari.  Biasane masjid iki gawe numpang adus le wes sore, timbang awak gatel kabeh, polae gak adus 3 dino. :ngakaks

Ngene pek ceritane,  gawe sing wes pengalaman melo teraweh puluhan tahun, mesti wes paham le sadurung e teraweh biasane ono ceramah, yo iki alasan  paling garai aku males melo teraweh. Gak kesuwen mari isya’an, langsung ngadek golek panggon sing paling mburi, ambe dungo mugo – mugo ketemu cewek ayu :genit: iki niat terselubung melu teraweh sing paling spesial. Lunggo mburi, nyenden cagak betone masjid, ambe akting merem sok khusuk dungo, setengah ngelirik nang barisan mukena putih, sopo ngerti ono sing nduwe lesung pipi.

Sliat – sliut, bumi gonjang – ganjing, ono suoro ke gowo angin melbu nang kupingku, krunguku  jare sing khotbah, poso iku tujuane gawe ningkatno Takwa, le iki sich wes mbelenger aku ngerungokno, mulai SD, SMP, SMA,  sampe ganti – ganti gendaan yo pancet ngunu ae sing diceritakno :nohope: Yo po kate ditingkatno wong bentuk e takwa ae gak ngerti, ojo maneng takwa, rupane iman durung ngerti kate takwa ya po ? Jare Badrun konco CS, keliru kabeh tambahan.

Ngomong ngalur ngidul masalah Iman Takwa, Bapak ustad pengkhotbah sing titel e Drs iku, moro – moro nyebut jenenge, Imam Nawawi. Wah kaget koyo ketiban langit, langsung moto melek, koyo e jeneng iki sering kerungu aku, le gak salah sing ngarang kitab Sulam Safina. :confused: Gak penting lah iku menurutku, gak perlu dibahas, kuatir le mbahas ngunu akeh salahe, sing penting mbahas Takwa ae. Yaiku, tentang TAKWA, Takwa iku le dipreteli huruf e siji – siji, iku ono huruf, TA, KOF, WAU. Iki dibahas siji – siji rek.

TA, artine wong iku kudu Tawadhu, sing karepe kudu ngerteni. Ngerteni nang sopo ? yo ngerteni nang awake dewe, iso rumongso nang karepe awake, mahami ambe ngontrol karepe nafsune. Ono nafsu amarah, lawammah, sufiyah mutmainah. Kabeh nafsu karepe dewe – dewe podo gak gelem ngalahe, yo semestine dulur tuwo kudu ngerteni dulur sing enom.

Dadine le iso ngereni dulur dewe iki, Insyallah iso pisan ngerteni wong liyo, gak gampang – gampang ngelarani atine wong, gak gelem nggarai gelone wong tuwo. Dadi le awake peno, mari poso terus sech gelem ngerasani wong liyo, Nggudo rondo sing melaku nang embong, opo maneng gonceng bojone konco nang kenjeran. Iku tanda – tanda, tanda – tanda le durung iso rumongso masio wes poso :bingung:

I really miss you tonight  :mewek2

KOF, artine Qona’ah, nriman, jarene wong Jowo nrima ing pandum. Artine prei ngersulo, gak sambatan, ono e cuma nyukuri nikmate urip, urip cuman mampir ngombe, kadang nyemil, suwe – suwe tangane nyanyil, yo iku sing nggarahi lali moleh. Wong nriman iku iklas pek, loro untu mesem, loro ati ngguya ngguyu koyo mari oleh arisan, kilangan duwek malah ngutangi tonggone :army:

Jarene kan poso iku khusus gawe wong sing beriman, nah le samean ngaku beriman, tibae  mari poso, mari ngunu isik morang moreng polane ditinggal rabi gendaane sing semok smeledot, nangis gero – gero polane gak lulus ujian sekolah,  jambak – jambak rambut polae gak iso tuku blackberry, opo maneng gak nyopo konco polane konco lali mbayar utang. Kiro – kiro le se model ngunu perlu melo poso tahun ngarep, ambe dungo mogo – mogo isik diparingi Gusti Allah ambean dowo.


WAU, Wara’. Nah iki aku lali rek bahasane, tapi sa’ilingku, Wara’ iku podo karo Wira’i artine isin. Bahasa Indonesiane, “malu itu sebagian daripada iman. Isin opo ? Isin kate budal kerjo telat, isin kate marung gak mbayar, isin kate nonton videone Cut Tari ambe Aril, isin durung tau nonto ngunu ta ? wkkwkwk…..

Sing  jelas isin ambe awake dewe rek, le isin ambek awake dewe podo karo isin ambe Gusti Allah, mogo – mogo iki bener ……, lha yo po saiki misale wong gendaan luruan nang peteng – peteng,  misal nang watu – watu kenjeran utowo bekas tol gempol. Kan iku petenge gak karuan, setan ae wedi kate cangkruk nang kunu. Hayooo….kate isin ambe sopo terus ? wong gak ono sopo – sopo moso kate gak lapo – lapo, impossible, ora mungkin? moso kate isin ambe gendaane dewe, wong wes podo nyepak kabeh, ngerasakno jok sepeda sing wes anget :malu: , maleh isin ngene iki cerito koyo ngene, ketoro le wes pengalaman :ngacir:


Kurang lebihe ngunu rek isine khotbah wingi, mugo – mugo ono manfaate nang bulan penuh berkah iki.


468 ad

46 Comments

  1. wah..kenok roaming aku moco blog-e sampeyan iku, ancene aku orak melok poso, omahku iku cerak banget karo masjid, yen tak deleng saben dinane, ngepasi trawih iku, yen dino2 pertama sing melu wuakehe pol cak..nganti lataranku iku kadang dienggo lungguhan karo ngrungokno kutbahe pak yayi..tapi yen wes tengah2 sasi…walah, kari simbah2..mbokmenowo podo sibuk ngoyak diskonan klambi kanggo bodo

    [Reply]

    sashimiboy Reply:

    hihihi…., iki nulis nggo bahasa suroboyoan, katagori cuks ( cintaku untuk kota surabaya)

    Walah latare semean dienggo teraweh pisan ? kapan – 2 aku melu teraweh kunu, menawi enten cewek ayu :malu:
    iyo mbak biasa ngunu le pas awal – 2 poso raame, akhir -2 sepi, ganti pasare sing rame

    [Reply]

  2. aduhh.. ati2 ae lek ketemu sashimiboy, lesungku tak singgahne ben nggak dadi molo :P … mbok aku nyelang bukune seng tata cara sholat po’o? koq rasa2ne solatku kurang pas, jarene kan solat mencegah perbuatan keji, lah tapi aku sek gelek berbuat keji, berarti sholatku iku seng kurang bener yo kang

    [Reply]

    sashimiboy Reply:

    mbak shinta, lesung pipine samean iku cuma siji sing iso nyaing, le disinggahne nang antarane kudung malah ketok sumringah.

    Hooo… eike kagak punya buku tata cara sholat,tata cara opo’o sing penting atine mbak shinta, atine iso ngerasakno, rasa sholat iku :angel (cmiiw)

    [Reply]

  3. sopo iku arek wedok’e ? ayuu tenan :)

    [Reply]

    sashimiboy Reply:

    ayu mas yo aku le jilbaban :)

    [Reply]

  4. jero nemen tulisan sampeyan
    ayake yen ora keblinger sampeyan wis dadi ustadz kondang. neng alhamdulillah sampeyan keblinger, dadi saiki malah iso ketemu aku sing podo-podo blogger :)

    [Reply]

    sashimiboy Reply:

    napane sing jero jeng ?
    tulisane ta, iyo aku nulise nang jero kantor :Peace:
    Podo – podo blogger harus saling keblinger,ngunu ta ? samean gak keblinger aku kan :ngacir:

    [Reply]

  5. :matabelo jilbab putih … jilbab putih … cantiq sekali …

    [Reply]

    sashimiboy Reply:

    bikin hati ini terbolak -balik gan :hammar:

    [Reply]

  6. yg photo ce pake jilbab itu desi ratnasari ya…
    btw kesetiaan memang blm teruji kalo blm termakan waktu…
    pertnyaan si ce itu sering benar adanya…

    [Reply]

    sashimiboy Reply:

    dugaanya eike, cewek itu bukan Desi ratna sari atau novi sari dewi :D.
    Itu puisi yang tertulis, di sebelah cewek cantik,puisi indah dari Gie

    [Reply]

  7. mengomentari foto cewek cantik dengan kata2 yg indah pula.. sapa tuh…?? hehehe

    [Reply]

    sashimiboy Reply:

    sapa ya ?
    berdoa semoga itu calon istri :peluk

    [Reply]

  8. eladalah mas..
    aku sueneng karo sing pengertian tawaduk iku loh.. ayem menyang ati :malu

    tumrap bebrayan jawa. Wirang, isin lan saru kuwi ana gegayutane :cendol

    [Reply]

    sashimiboy Reply:

    kang Handjob, bahasane tingkat tinggi, ora ngerti blass eike :matabelo

    [Reply]

  9. wow, hebat, aku bertanya-tanya bagaimana menyelesaikan masalah saya. dan kemudian menemukan situs Anda dengan google, saya belajar banyak, dan sekarang sudah agak jelas. Saya sudah bookmark situs Anda dan juga menambahkan rss. stay updated ya!!

    [Reply]

Leave a Reply

[+] kaskus emoticons nartzco